Crita Rakyat Kelas 7
Pasinaonan Bahasa Jawa Ke-2
Crita Rakyat
a. Biyasane dicritakake turun tumurun kanthi
lisan
b.
Ora diweruhi
pangripta critane
c. Asipat tradhisional
d.
Nduweni dalan crita beda-beda
e. Menehi pitutur - pitutur becik.
Dene jenise cerita rakyat yaiku:
a.
Fabel
yaiku crita rakyat sing nyritakake tumindake manungsa nanging diparagakake dening kewan sarta menehi
pitutur luhur. Tuladha: Kancil lan Baya
b.
Legenda
yaiku sawijine crita rakyat sing nyritakake mula bukane papan panggonan. Kayata mula bukane kutha Banyuwangi,
Dumadine Gunung Budheg, utawa Baru
Klinting.
c.
Sage yaiku crita rakyat sing isine nyritakake sejarah.
Kayata Damarwulan, Dewi Rara Jonggrang, lan liya-liyane.
d. Mite yaiku crita rakyat sing ngemot bab dewa-dewi utawa crita kang sipate sakral lan mistis. Kayata: Nyi Roro Kidul.
e. Epos yaiku crita rakyat sing nyritakake bab-bab kepahlawanan utawa biyasa disebut crita panji. Kayata Chindelaras, Panji Asmara Bangun
Unsur Instrinsik Crita Rakyat
Unsur instrinsik crita yaiku stuktur
crita sing dijelasake sajrone crita lan dadi
unsur pamangune crita.
Unsur-unsur kasebut yaiku:
a.
Tema
yaiku punjere crita sing didadekake paugeran lumakune crita.
b.
Paraga lan pamaragan yaiku pawongan sing nindakake crita lan nduweni
watak tartamtu. Ana paraga sing wewatak becil lan ala.
c. Alur nuduhake dalane crita adhedhasar wektune, bisa critane maju utawa runtutane wektu maju, alur mundur, lan campuran.
d.
Latar utawa
Setting njelentrehake bab papan, wektu, lan swasane
nalika prastawa dumadi sajrone crita.
e.
Pitutur yaiku bab sing bisa dijupuk
dening pamaca sing kalebu pitutur-
pitutur becik.
Teks Cerita Rakyat Awujud Legendha
Mula
Bukane Desa Pepedan, Kecamatan Karangmoncol
Miturut manuskrip
(naskah kuno), kocap kacarita rumiyin ing bumi Pasundan wonten pertapa ingkang
linuwih katurunan saking Pajajaran inggih menika Pangeran Jambu Karang, putra
Prabu Brawijaya Mahesa Tandreman. Salebeting tapa, Pangeran Jambu Karang menika
angsal wangsit. Dene wangsitipun supados mados sumbering cahya. Dene Pangeran
Jambu Karang menika teras jengkar saking bumi Pasundan madosi sumbering cahya.
Cahya menika arahipun
wonten ing wetan. Pangeran Jambu Karang banjur mlampah dumugi tempuran saking
kalih lepen inggih menika lepen Karang lan lepen Gintung. Wonten ing lepen
niku, Pangeran Jambu Karang nerasaken tapanipun. Salebeting tapa,
kepanggih tiyang ingkang asma Kyai Antas Angin. Banjur Pangeran Jambu Karang
lan Kyai Antas Angin sami adu kasekten.
Ananging sadangunipun
adu kasekten kasebut, Pangeran Jambu Karang kapeped lan ngakoni bilih
kasektenipun luwih unggul Kiyai Antas Angin. Pangeran Jambu Karang ingkang
waunipun dados Raja Sunda. Penjenengane Pangeran Jambu Karang lajeng dipun
bengat dening Kiyai Antas Angin supados mlebet agama Islam lan dipunjuluki Syeh
Jambu Karang.
Saderengipun
nglajengaken mlampahipun, Syeh Jambu Karang medal sabda, ing besuk bumi iki tak
jenengi "Pepedan" amargi anggenipun adu kasektenan Syeh Jambu Karang
kalah ngantos kapeped.
Lajeng Syeh Jambu
Karang nerasaken mlampahipun dumugi ing Gunung Ardilawet lan ngantos seda
wonten ing mriku. (sumber:
http://alas-news.blogspot.com)
Teks Cerita Rakyat Awujud Fabel
Kancil karo Monyet
Sawijine dina neng alas gede, akeh jenise kewan
sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah
lakune dewek-dewek. Nanging ana salah sijine kewan sing gunane gawe drusila lan
paling licik, arane Kancil. Uteke kancil pancen biasa kanggo nglomboni
kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sejuta tipu daya.
Nah siki sing dadi sasarane Monyet.
Nang
sawijining dina, ana Monyet lagi penekan neng ngisor wit pring. Singsot,
ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo
rotine. Utek licike muncul kepingin jukut roti sing ana nang tangane Monyet.
"Nyet..Nyet..,"
celukane Kancil marang Monyet.
Monyet semaur karo pitakonan, "Ana apa Cil?
Kewo ngundang aku?"
Kancil, "Nyet.. aku wei setitik rotine,
setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil.
Monyet, "Iya.. aku kan apikan, kiye
separoan karo aku."
Kancil, "Suwun ya Nyet... koe pancen
apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora
nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye... koparo sing adil,"
penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede
siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing
cilik maring Monyet, bagean sing gede dicekel dewek.
"Cil... kenang apa koh gede gone ko?"
pitakone Monyet.
Kancil, "Ngeneh gawa ngeneh, tak gawe
pada." Banjur Kacil mangan setitik rotine sing dicekel dewek, "Iki
wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.
Monyet, "Urung Cil! Kuwe esih gede gone
aku."
Kancil njikot roti sing nang tangane Monyet,
banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti rotine entong dipangan Kancil.
Hihihihi.
Ahire rotine dipangan
kancil kabeh, Monyet dadi kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni roti malah
ora tampa. Pancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kuwe kudu
brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liyane. Urip bakal rukun ora kaya
jaman siki urip pada karepe dewek-dewek.
(https://aakkuucintaindonesia.blogspot.com/2012/06/kancil-karo-monyet-cerita-dengan-bahasa.html)
Source : google.com
Posting Komentar untuk " Crita Rakyat Kelas 7"