Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Kidang Kencana

Prabu Dasamuka iku raja ing nagara Ngalengka. Sedulure ana telu, yaiku Kumbakarna, Wibisana, lan Sarpakenaka. Prabu Dasamuka lan Kumbakarna iku wujude raseksa. Wibisana wujude satriya bagus, Sarpakenaka wujude buta wadon. 

Sawijining wektu Sarpakenaka kepranan kabagusane Raden Laksmana lan Raden Rama. Satriya loro kuwi putrane Prabu Dasarata ing nagara Ayodya. Sedulur tunggal bapa beda ibu. Satriya loro iku ora nglanggati katresnane Sarpakenaka. Sarpakenaka malah saya nggodha Raden Laksmana, karepe supaya ditresnani. 

 

Raden Laksmana duka. Irunge Sarpakenaka dipluntir nganti pothol. Sarpakenaka ngigit-igit ing ati, banjur wadul kakange, "Kakang, ana satriya loro saka Ayodya ngruda peksa aku," Sarpakenaka ngapusi karo ngatonake irunge. Sarpakenaka pancen seneng ngapusi. 

 

"Kowe rak malah seneng ta menawa ana satriya sing gelem karo kowe?" wangsulane Rahwanasareh. Wangsulaniku gawe Sarpakenaka jengkel. Sarpakenaka ngetog pikire supaya bisa malesake lara atine. 

 

"Kakang, kowe biyen rak kedanan karo Dewi Widowati? Mau aku weruh panjilmane Dewi Widowati ana alas Dhandhaka, jenenge Dewi Sinta, bojone Rama," kandhane Sarpakenaka. 

 

Prabu Rahwana nampa ature Sarpakenaka. Abdine kang aran Kalamarica kadhawuhan memba dadi Kidang Kencana. Bakal kanggo maeka Raden Rama lan Laksmana, supaya Dewi Sinta. bisa kadusta. 

 

Nalika lagi lungguh sakloron ing sangisore wit sing ngrembuyung, Sinta weruh kidang werna emas liwat. Pancen apik tenan wernane kidang iku. Sekala Sinta kesengsem marang kidang emas iku. 

 

"Kakangmas Rama, sae sanget kidang menika. Menapa Kakangmas kersa nyepeng kidang menika kangge kula?" pambujuke Sinta. 

 

"Laksmana, tulung tunggunen Mbakyumu Sinta. Aku bakal ngoyak playune kidang kae," welinge Rama marang adhine. 

Laksmana lan Sinta lungguh ing sangisore wit ngenteni tekana Rama. Suwe dheweke ngenteni. Rama ora ana teka. Dumadakan Sinta rumangsa sumelang. 

 

"Yayi, dak jaluk, lungaa lan golekana Kangmasmu Rama!" 

 

Saka kadohan keprungu ana wong sing ngrerintih njaluk tulung. 

 

"Laksmana, kowe krungu kae? Aja-aja kae swarane kakangmas Rama" 

 

"Kakangmbok Sinta, sampun kuwatos. Menika sanes swantenipun kakangmas Rama. Boten badhe wonten tiyang ingkang saged damel tatu dhateng kakangmas Rama. Panjenenganipun temtu badhe kondur ngasta menapa ingkang panjenengan kersakaken," ature Laksmana. 

 

"Laksmana, kok bisa-bisane kowe meneng wae kamangka kakangmu ora enggal kondur saka anggone beburu! Apa kowe ngajab kakangmas Rama seda lan kowe bisa ngepek aku? Ora bakal, Laksmana!" panggetake Sinta. Laksmana kaget marang pandakwane Sinta. 

 

"Kakangmbok, kula boten ngajab kakangmas Rama seda. Kejem sanget pandakwa kakangmbok Sinta. Inggih Kakangmbok. kula damelaken bunderan ing siti menika. Kakangmbok kula suwun jumeneng ing salebeting bunderan menika sampun ngantos medal saking bunderan menika," ature Laksmana. 

 

Nalika ngenteni tekane Rama lan Laksmana, Sinta weruh wong wadon tuwa. Wong wadon tuwa iku ngerti menawa Sinta trenyuh, banjur mlaku nyedhaki Sinta. Nanging nalika wong wadon ora bisa mlebu bunderan kuwi. 

 

Oh, Putri, aku weruh ana kembang mlathi disumpingake ing rambutmu. Apa aku oleh ngepek kembang mlathi sing endah iku?" panjaluke wong wadon tuwa iku. 

 

Sinta banjur menehake mlati sing ana rambute. Sinta ngathungake tangane menyang sanjabane bunderan. Wong wadon tuwa iku ora mung njupuk kembang mlathi nanging uga nggeret tangane Sinta metu saka bunderan. Sinta njerit. Jebul wong wadon tuwa iku Prabu Rahwana. Rahwana banjur ngguyu cekakakan. Dewi Sinta digawa dening Rahwana menyang Alengka. Ing sadalan-dalan Sinta bangga supaya bisa diuculake. 

 

Dumadakan Rahwana diserang manuk garudha.. Serangane iku gawe Sinta meh niba. Kanthi trengginas manuk iku nyathok awake Sinta. 

 

"Putri, nami kula Jathayu. Kula mireng panjerit paduka saking katebihan," ature manuk iku. 

 

Oh, Jathayu banget gedhe panuwunku," kandhane Sinta. 

 

Jathayu nandhang tatu. Sadurunge mati ninggal weling marang Sinta. 

 

Putri, paduka pundhut salembar wulu ing awak kula. Benjing badhe migunani kagem paduka! Mangga, Putri! Jathayu ngrintih. 

 

Sinta banjur nuruti ature Jathayu. Sinta banjur njabut saeler wulu saka awake Jalhayu. Nanging ora suwe sawise Sinta njebol wulu mau, Rahwana nyamber awake Sinta, Sinta digendhong meneh lan digawa lunga menyang Alengka

Posting Komentar untuk "Kidang Kencana"