Struktur Geguritan "Bahasa Jawa Kelas 9"
Struktur Geguritan
1. Struktur Fisik
a. Tipogra (Bentuk geguritan)
Yakuwe wewangun geguritan kang ditulis ora ngebeki larik lan ora kudu
kawiwitan aksara gedhe (huruf kapital), sarta ora dipungkasi tandha titik (.)
utawa tandha pamaca liyane.
b. Diksi(PilihaneTembung)
Yakuwe pamilihe tetembungan kang maknane mentes (padat), kang bisa
negesi pirang-pirang kekarepan kanthi nggatekake larasing unine tembung.
c. Imaji(Pengungkapan pengalaman Indrawi)
Yakuwe rerangken tetembungan ing geguritan bisa medharake pengalaman
indrawi, kayata: paningal, pangrungon, lan pangrasa, saengga pamaos bisa
kagawa ing swasana kaya kang dialami panggurit. Imaji kaperang dadi 3
yakuwe: imaji paningal, imaji raba/ sentuh.
d. Tembung Konkret
Yakuwe tetembungan kang bisa ditangkep dening alat indra kang bisa
nuwuhake imaji. Tembung konkret ing kene bisa arupa pepindhan (kiasan)
utawa pralambang. Tuladha: bun (embun) bisa dadi pralambang wening, niyat
suci, tulus, endahing swasana esuk.
e. BusananingBasa (GayaBahasa)
Yakuwe panggone basa kang bisa nguripake swasana lan nuwuhake anggepan
(konotasi) tartamtu sarta bisa nuwuhake rasa kaendahan.
f. Wirama (Rima)
Yakuwe runtuting swara ing geguritan kang bisa ing wiwitan, tengah, utawa
ing pungkasaning gatra/ larik.
2. Struktur Batin
a. Bakuning gagasan (tema)
Yakuwe kekarepan utawa maksud tartamtu kang kinandhut ing saben
tembung, gatra (larik), pada (bait), lan sekangbehe pada ing geguritan.
b. Pangrasane penyair
Yakuwe tembung-tembung ing sajroning geguritan kang nduwe teges kanggo
manjilmakake rasa. Pandungkape rasa kang kinandhut ing geguritan ana
kaitane karo blegere (sosok/ latar belakang) panggurityakuwe latar belakang
agama, pendidikan, jenis kelamin, kelas sosial, jabatan/ kedudukan ing
masyarakat, umur, penagalaman sosiologi lan psikologi lan kawruh
(pengetahuan) panggurit
c. Nada/sikap penyair marang pamaos.
Yakuwe patrap ing sajroning geguritan. Kekarepan kiye bisa arupa pesen kang
sipate ngguroni (menggurui), ndikte (mendikte), kerja sama, ngudari prakara
(memecahan masalah), masrahake (mborong kersa)marang para maos.
d. Amanat
Yakuwe pesen kang diwedharake penyair marang pamaos.
e. Suasana
Yakuwe kahanan batin sawise maca geguritan kang dirasekangke pamaos.
D. Maca Lan Nulis Geguritan
Coba teks geguritan ing ngisor kiye wacanen kanthi patitis !
VIRUS CORONA
(Anggitan : Suharti, S.Pd)
Prahara tahun puniki
Kailh ewu kalih dasa
Sekangwit marga anane
Sinebut virus corona
Rata saalam ndonya
Akeh wong sampun kawuwus
Satemah tumekeng sirna
Virus corona sayekti
Bebaya kang mawa wisa
Aja dianggep sepele
Kalamun ana kang kena
Nular sapadha-padha
Aja lena lan katungkul
Ngudi segeringsalira
Cara kanggo nanggulangi
Nyebare virus corona
Aja kumpul ing wong akeh
Jawat asta sesama
Haywa padha dijaga
Karesikan pancen baku
Urip kalis ing lelara
1) Maca Geguritan kang apik
Carane maca geguritan kang becik lan endah sakurang-kurange ana 4, yakuwe:
a. Wicara (cara ucap), tegese pocapane kudu cetha, mantep ora kena ragu-ragu,
pocapan lafal (a, i, o, e, tha, ta, dha, da, lsp) sing bener lan jelas.
b. Wirama (lagu lan intonasi), tegese banter alone pocapan lan munggah mudune
intonasi kudu dilarasake karo isine geguritan.
c. Wirasa (njiwai), tegese pedhotan tembung/ ukara kudu cocok karo karepe
(prentah, nesu,seneng, ngenyek, getun lan liya-liyane)
d. Wiraga (ekspresi mimik) tegese polah obahing tangan, awak, polatan, rasa kudu
luwes ora kaku ora digawe-gawe.
2) Nulis Geguritan
a. NentukakeTema
Sadurunge nggawe geguritan kudu ditentoake apa temane. Tema yakuwe ide
gagasan apa sing arep digawe kanggo isi neng geguritan.
b. Ngubah Ide/ Tema dadiGeguritan.
Sawise ketemu ide kudu diolah lan dihayati. Umpama nggawe geguritan
"simbok", awake dhewekk kudu bisa ngrasekangke apa kang dirasake lan
dikarepake simbok. Banjur disusun tembung-tembung supaya dadi geguritan
sing penak diwaca
c. GayaBasa/ Majas
Nggawe geguritan mesti ora ninggalake majas. Majas kang digunakake bisa
macem-macemananging kang kerep yakuwe majas personi kasi lan hiperbola.
d. Bait, Rima, lan Irama
Ana ing geguritan modern, bait, rima, lan irama ora pati digatekake. Ananging,
luwih becik menawa bait, rima, lan irama bisa digatekake supaya geguritan
kang digawe enak diwaca.
e. Dasanama, purwakanthi, lan sapanunggalane.
Biyasane, ana ing geguritan, supaya nambah endahing isi, tembung-tembung
kang dianggo migunakake dasanama, purwakanthi, lan kawruh basa liyane.
Gladhen
Gawea geguritan manut cara-cara kang diterangaken ing dhuwur kathi tema “ virus
corona 19”
................................................................................................................................

..........................................................
Posting Komentar untuk "Struktur Geguritan "Bahasa Jawa Kelas 9""