Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

MATERI B JAWA KELAS 9 UPACARA ADAT JAWA

 


MATERI

Upacara Adat Jawa

Masyarakat Jawa  minangka masyarakat sing sugih upacara adat. Akeh upacara adat jawa sing nganti saiki diugemi, ditindakkake minangka bagian kanggo nguri-uri kabudayaan jawa. Maneka upacara adat Jawa kasebut, antarane Tedhak Siten, Ruwatan, Mendhem Ari-ari, Slametan, Selapanan, Sepasaran, Puputan, Mitoni, Manten, lan sapiturute. Kabeh kuwe miturit wong jawa utawa budaya jawa kuwe kebak perlambang. Ing saben adat Jawa, ana maneka warna ubarampe sing kudu disiapake , minangka perlambang supaya upacara adat jawa iku lumampah kanthi sabenere.

 Upacara kuwe ditindakna duwe karep supaya wong sing nglakoni upacara adat utawa wong sing diupacarani bakal olih keslametan lan kepenak uripe. Kejaba kuwe, upacara sing ditindakna mujudake rasa syukur marang Gusti Allah sekang sifat murahe marang para manungsa ing dunya. Rasa Syukur kuwe diwujudna kanthi ndedonga  nyuwun maring Gusti Allah, muga-muga sateruse tansah diparingi pengayoman lan keslametan sarta rejeki sing murakabi. Sateruse kanggo nglairake rasa seneng nampa kabeh paringe Gusti Allah, sauwise ndonga  bareng-bareng banjur dipungkasi seneng-seneng. Umpamane awujud mangan bareng, ngedum panganan, nggelar pentas seni wayangan lan sapiturute.


Niti Teks Upacara Adat


1. Upacara Tedhak Siten

Tedhak siten utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur pitung (7) wulan. Tedhak siten iku asale saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan siten (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan dianakake  yen umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245).

Upacara Tedhak siten dianakake amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yen lemah kuwi nduweni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngilari  kadadeyan sing ora becik, mula dianakake  upacara ngenalake putra-putrine marang Bathara Kala minangka sing njaga lemah. Anggone nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.

 

Ubarampe kanggo upacara tedhak siten akeh, kayata pengaron sing diisi kembang setaman, kurungan lan barang-barang sing dilebokna sajroning kurungan. Barang-barang sing dimaksud kuwe kabeh ubarampene wong urip. Umpamane beras, dhuwit, pari, jungkat, pulpen, kertas lan sapiturute. Ubarampe liyane yakuwe klasa, jadah pitung werna, tebu harjuna, bakaran pitik lan liya-liyane.

Acara tedhak siten urutane kaya kiye :

1) Bocah sing arep diupacarani didusi nganggo kembang setaman (mlathi utawa menur, kanthil utawa gadhing lan mawar). Kembang-kembang kuwe duwe teges. Dhewek-dhewek. Mlathi utawa menur nang pangajab supaya boacah duwe tekad sing ora melar-melur. Kembang kanthil supaya sapa bae gampang kemanthil. Kembang mawar duweganda arum lan marakake sapa sing weruh ketaman trenyuh lan kasmaran gandrung-gandrung kapirungu.

2) Sawise adus, bocahe dienggoni klambi sing anyar. Terus diambahna siti utawa lemah, bisa uga langsung ngidek siti sing diwadhahi tampah utawa wadhah liyane. Sawise kuwe ngidek  jadah yakuwe  anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang direwangi ngidak dening ibu, jadah ditata sekang warna sing padhang nganti warna sing peteng. Iku kabeh perlambang dene urip iku ora gampang, nanging kabeh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.

3) Rampung ngidak jadah, banjur munggah andha tebu harjuna. Tebu harjuna (tebu wulung sing cilik-cilik) yakuwe  tebu kuwe kanggo  pralambang antebing kalbu, supaya anggone nitih urip ning donya iki bakal manteb. Karep liyane tebu arjuna pralambang supaya anak sing munggah tebu iku bisa duweni solah bawa kaya dene arjuna. Bocahe terus dijagongna neng pucuke andha sing digawe palenggahan kaya raja. Maksude supaya bocah kuwe ngemben bisa dadi pemimpin, bisa ngayomi, tanggung jawab ing pangurupan.

4) Bubar sekang njagong nang andha tebu harjuna, bocahe diedhuna lan dijagongna  neng gelaran lan disogi kurungan ayam jago. Kurungan kuwe pralambang urip ing donya iki, ing jero kurungan diwenehi akeh dolanan lan ubarampe pagawean kayata beras kuning, dhuwit receh, jungkat, kertas, gunting, pethet lan liya liyane. Dolanan utawa ubarampe pagawean sing dipilih dening anak iku kaya tandha besuk bakal duweni pagawean mau. Sawise rampung, dhuwit receh lan beras kuning mau disebar ngarepe wong akeh kon nggo rayahan, kuwe pratandha amal utawa sedhekah sing kagungan kersa.

5) Rampung acara tedhak siten, bocah wis bebas olih dolanan, ora khawatir maning kenang sawan utawa sesuker. Kaya kuwe tatacara budaya tedhak siten sing tujuwane kanggo nyuceni raga lan jiwa, muga muga bisa gawa jeneng arum kanggo kaluwarga  lan manunggaling gesang bawana langgeng.

(Kapethik sekang maneka sumber)


Teks Upacara Begalan

Tradhisi Begalan

 

Neng Banyumas ana tradhisi utawa upacara adat kang beda karo masyarakat Jawa umume yakuwe tradhisi begalan. Teambung begalan asale sekang tembung begal utawa rampok, ngrampok neng tengah dalan. Begalan kuwe  adat warisan leluhur kang nganti siki esih dilaksanakakenana ing upacara penganten kang dianakaken angger calon penganten lanange anak mbarep utawa bontot/ragil.

Asal mulane Begalan kuwe manut anane crita nalika putra ragile Adipati Wirasaba sing dimantenaken karo putri mbarepe Adipati Banyumas Pangeran Tirtokencono. Seminggu  sawise mantenan Sang Adipati Banyumas mboyong penganten (ngundhuh penganten) sekang Wirasaba maring Kadipaten Banyumas kang kurang lewih adohe 20 km. Sawise nyebrang kali Serayu kanthi nggunakake prau tambang, rombongan kang dikawal sesepuh lan pengawal Kadipaten Banyumas lan Wirasaba neng tengah dalan diadhang begal kang awake gedhe dhuwur arep mbegal kabeh barang gawane penganten. Perang ora bisa diindhani antara pengawal lan begal kang ngaku dadi penunggu dhaerah kasebut. 

Begal bisa dikalahna banjur mlayu lan ngilang mlebu maring alas kang angker lan wingit. Rombongan nerusake laku ngliwati desa Sokawera lan Kedunguter. Wiwit kedadean kuwe leluhur daerah Banyumas pesen marang anak putu supaya nuruti tata cara lan syarat yen arep padha dadi penganten kang  tujuwane supaya penganten bisa slamet, lancar nir ing sambikala.

Tradhisi begalan kiye wujude campuran antarane seni tari lan seni tutur utawa lawak kanthi iringan gendhing kaya tari klasik. Jumlah penarine ana wong 2, siji sing nggawa barang-barang (piranti pawon/dhapur) sing jenenge Gunareka lan wong sing siji dadi begal/rampok sing jenenge Rekaguna. Barang-barang sing digawa ing anarane ilir, cething, kusan, saringan ampas, tampah, sorok, centhong, siwur, irus, kendhil lan wangkring. Bawrang gawan kiye diarane brenong kepang. Kang dadi begal nggawa pedhang kayu jenenge wlira, dene kostum penarine cukup nggunakna busana Jawa.

Gunareka minangka utusan sekang penganten lanang ngawa piranti utawa ubarampe pawon/dhapur yakuwe :

 Ian, piranti kanggo angi sega digawe sekang anyaman pring kang nggambarna bumi.

 Ilir, kipas kang digawe sekang anyaman pring nglambangna wong kang wis keluarga/rumah tangga supaya bisa mbedakna tumindak ala lan becik lan bisa mutusna apa bae kanthi wicaksana.

 Cething, piranti kang digawe kanggo wadhah sega sing digawe sekang anyaman pring. Minangka lambang menawa manungsa urip ing bebrayan ora kena sekarepe dhewek tanpa merdulikna wong liya lan lingkungane. Menungsa kuwe makhluk sosial kang mbutuhna wong liya.

 Kusan, piranti kanggo adang sega. Kusan digawe sekang anyaman pring awujud kerucut sing tegese menawa wong wis keluarga/rumah tangga kudu usaha kanggo nyukupi kebutuhan uripe.

 Centhong, piranti kanggo nyidhuk sega nalika diadang sing digawe sekang kayu utawa bathok. Tegse wong sing wis keluarga kudu bisa mbiji awake dhewek (instrospeksi) saengga nalika ana perkara (tukaran) karo bojone bisa ngrampungi kanthi becik.   

 Irus, piranti kanggo ngoleh  lan nyidhuk sayur. Irus digawe sekang kayu utawa bathok. Tegese irus yakuwe wong kang wis keluarga ora gampang kegodha , ora gamapang kepencut maring wong liya sing bisa mbubarna rumah tanggane.

 Siwur, piranti kanggo nyidhuk banyu. Siwur digawe sekang bathok kang diwei gagang. Tembung siwur dikerata basa asihe aja diawur-awur. Tegese wong kang wis keluarga kudu bisa ngendhaleni nafsu, aja seneng ngumbar tresna maring wong liya.

 Saringan ampas utawa kalo  yakuwe piranti kanggo nyaring ampas, digawe sekang anyaman pring, nduweni teges wong kang wis keluarga kudu bisa nyaring lan ngati-ati menawa ana berita  utawa crita.

 Wangkring yakuwe pikulan sekang prin. Tegese menawa kanggo nanggung abot enthenge  urip, susah lan seneng kudune dipikul bareng-bareng.

(http://www.banyumasku.com/mengenaltradisi-begalan-di-adat-permikahan-banyumas)


C. Parikan

Parikan kuwe unen-unen sing kadadean sekang rong perangan. Perangan kapisan minangka purwaka/pambuka/pancadan, perangan kapindho minangka wos (isi).

Tuladha : 

a. Wedang bubuk, gula Jawa

   Yen kepethuk aja gela

b. Manuk tuhu, mencrok pager

   Yen sinau, dadi pinter

c. Tuku lilin neng pasar kewan

   Njukut papat regane sewu

   Dhisiplin kuwe udu tampilan

   Nanging tepat ngatur wektu

d. Kayu urip ora ngepang

   Ijo-ijo godhong jati

   Uwong urip ora gampang

   Mula kudu ngati-ati


Carane gawe parikan :

1. Sing dikarang luwih dhisit perangan kapindho, yakuwe perangan sing dadi isi/wos.

2. Sauwise kuwe banjur ngarang perangan kapisan, yakuwe perangan kang dianggo purwaka/pambuka.

3. Akehe wanda padha karo perangan kapindho lan dhapukane kudu nggunakake purwakanthi swara.








Posting Komentar untuk "MATERI B JAWA KELAS 9 UPACARA ADAT JAWA"