ATUR-ATUR Kelas 8
ATUR-ATUR
Wacana Atur-atur nitip lan ngaturake pesen
Atur-atur neng bebrayan Jawa wis lumrah krana anane tembayatan urip siji lan sijine. Lung tinulung kuwe uga dadi ciri kabudayaane wong Jawa. Mula kegiyatan atur-atur neng maneka keperluane ora bisa detinggal. Bab-bab sing ana gayutane karo atur-atur deudi kanthi becik, jer nang kono kudu ana ajen-ingajenan antarane tamu sing duwe perlu ngatur-aturi lan sing duwe umah kudu ngurmati tamune.
Atur-atur kuwe basa kramane undang-undang. Yen nggunakna tembung undang-undang kuwe derasa kurang ngajeni maring sing deundang, kaya-kaya ngundang bocah, ngundhang andhahane, utawa ngundhang bature. Mula amrih ora dearani kuwe, degunakna tembung atur-atur.
Nindakaken atur-atur kuwe kudu nggunakna tata krama krana neng kono ana kegiyatan seora-orane 2 werna, yakuwe mertamu lan matur. Mertamu ana unggah ungguhe, sekang uluk salam utawa nothok lawang, mlebu ngumah, lungguh, matur, lan pamit. Sok kepara ana suguhan. Kabeh-kabeh ana tata kramane. Semono uga nalika matur, nggunakna basa sing bener unggah-ungguhe, kurmat, lan andhap asor utawa lembah manah.
Apa perlune nyandhang nganggo sing resik nalika atur atur
BalasHapus