Sandiwara Basa Jawa Kelas 9
Sandiwara
Sandiwara (drama) sawijining karya sastra kang wujude pecelathon (dialog) lan gerak. Tembung sandiwara kuwe asale sekang tembung sandi lan warah. Sandi kuwe tegese sinamun, samar utawa ora langsung (rahasia), dene warah tegese piwulang utawa pitutur. Dadi sandiwara tegese piwulang sing nganggo cara ora langsung utawa ora terang-terangan merga nganggo crita sing wujude pacelathon.
Sandiwara utawa tonil kuwe wujude pacelathon utawa omong-omongan antara wong siji lan sijine. Ning anggone ngomong ora sakarepe dhewek, kudu manut naskah sing wis digawe dening skenario. Ing crita sajrone pacelathon kuwe ngandhut piwulang utawa pitutur kanggo sing nonton lan sing ngrungokna.
Seni pagelaran sandiwara kuwe awale muncul wiwit jaman perjuangane Pangeran Sambernyawa nglawan penjajah bangsa Walanda. Nalika semana, kanggo aweh kabar/warta marang masyarakat ngenani pangajak nglawan penjajah bangsa Walanda dibabar lumantar sawijining pagelaran/tontonan. Pangeran Sambernyawa karo prajurit lan pendhereke nganakake sawijine tontonan/pagelaran. Ing tontonan kuwe kabar bab perjuangan diwartakaken kanthi cara sandi utawa kode. Merga sekang kuwe tontonan kuwe dijenengi sandiwara.
Sandiwara kaya dene karya sastra liyane, yakuwe duwe perangan-perangan kang mapan ing sajroning karya. Perangan-perangan sandiwara kuwe kabangun sekang unsur-unsur intrinsik kayata : tema, watak, setting, plot, lan amanat.
a. Tema yakuwe underaning rembug. Tema kuwe dhasaring crita ing sandiwara mula diarani ide sentral.
b. Paraga (tokoh) kuwe sapa bae sing dicritakake ing sandiwara kasebut. Ing paraga kuwe ana paraga protagonis lan paraga antagonis
c. Watak yakuwe kuwalitas tokoh, kuwalitas nalar lan jiwane sing mbedakna karo paraga liyane. Yen nggoleti utawa nyandhaki tokoh lan watake pamriksa kudu nggatekna sandiwara kuwe wiwit ngarep nganti rampung.
d. Setting utawa latar yakuwe kapan, ana ngendi lan kahanan kepriwe crita mau kadadean. Wektu iku ana sesambungane karo wayah (udan, ketiga, banjir, lsp), wanci (esuk, awan, sore, bengi, lsp) lan wektu (Saumur jagung, sagebyaring kilat, jam 7, lsp). Papan iku ana sesambungane karo enggon (alas, pasar, kantor,sekolahan, lsp), sisih (wetan, kulon, kidul, lor, lsp), lan papan (jero, cethek, rata, lsp). Kahanan iku ana sesambungane karo padhang, peteng, rame, sepi, lan sapanunggalanipun.
e. Plot utawa alur nerangake lakuning crita, ana alur maju lan alur mundur.
f. Amanat kuwe gagasan (pesan) sing kepengin dikandhakna dening sing nulis crita marang sing nonton, ngrungokna lan maca naskah sandiwara.
TETEMBUNGAN ING SANDIWARA
Ing ngisor kiye tembung-tembung sing ana gandhenge karo sandiwara, umpamane:
a. Babak yakuwe perangan sekang lakon sandiwara. Neng pementasan sandiwara kadhang-kadhang selakon sandiwara bisa kedadeyan sekang sebabak utawa luwih.
b. Adegan yakuwe perangan babak sing nggambarake sawijine swasana sekang pirang-pirang swasana neng babak.
c. Dialog yakuwe pacelathon sing ditindakake para paraga neng sejrone sandiwara.
d. Skenario yakuwe cengkorongan urut-urutane crita baku sing bakal diparagakna dening para paraga.
e. Prolog yakuwe ukara kanggo mbukani sawijine lakon sandiwara. Prolog kuwe penting banget merga duwe tugas aweh pangerten maring pamirsa bab lakon sandiwara sing arep dipentasna.
f. Epilog kuwe kosokbaline prolog, ukara kanggo nutup pungkasane pementasan sandiwara.
g. Irama utawa Musik, Irama kuwe penting banget ana neng sandiwara merga bisa aweh gambaran swasana wektu sandiwara kuwe dipentasna.
Gawe Naskah Sandiwara
Sabenere gawe karangan apa bae kuncine mung siji, yakuwe cengkorongane dhisit, Anger uwis dadi cengkorongane mesthi bisa nulis dadi karangan utuh. Ana ing naskah sandiwara bab-bab sing kudu digatekna kanggo gawe cengkorongan yakuwe unsur-unsur intrinsik lan bab-bab sing ana bakuning sandiwara, kayata adegan, skenario, prolog, epilog, lan aja kelalen piweling sing perlu diandharna maring para pamirsa.
Mentasna sandiwara kuwe ora gampang, Bab-bab kang kudu dieling-eling kanggo nindakaken sadurunge pentas yakuwe :
1. Kudu apal naskah sandiwara, khususe paraga sing dadi bagianmu. Dadi ko ngerti wateke, bisa ngira-ira sandhangan sing dienggo, tindaktanduke lan liya-liyane.
2. Anggone nindakake pacelathon kudu cetha amarga para pamirsa bisa ngerti isi sandiwara sekang pacelathon para paragane.
3. Kudu luwes anggone nindakna adegan sing dipentasnansaengga kaya kadadean sing nyata.
4. Nalika pentas kena ditambahi kembangan kanthi spontannning kudu tetep ana ing garis crita, aja nganti nyimpang sekang pokoking crita.
Matur suwun awit seratan ingkang sampun kawedhar, mugya dados cepengan para dwija basa Jawi ing pawiyatan
BalasHapus