Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Bahasa Jawa : Materi Wayang Kelas 9 Pertemuan 1

MATERI WAYANG


Wayang







Wayang dumados saking tembung wod "yang/hyang" angsal ater-ater wa-. Tegese roh ingkang saged damel beja cilakane manungsa. Wayang niku wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwane manungsa. Wayang mujudaken pangéjawantahan pribadi manungsa. Wayang niku pagelaran ngangge golek/ bonéka ingkang limrahe ketingal éndah teng wewayangané lan dilampahaken déning dhalang kanthi iringan gamelan. Golek/Bonéka kasebat saged ingkang awujud 2 dhimènsi utawa wujudé 3 dhimènsi. Ingkang wujud 2 dhimènsi limrahe didamel saking kulit (welulang), ingkang asring kulit lembu, utawi mindha. Déné ingkang awujud 3 dhimènsi, lumrah didamel saking kajeng ingkang direnggani pangangge/busana saking kain ingkang manéka warni dhedhasar karakter wayang wau. Nanging teng sewetawis tlatah, ugi wonten ingkang didamel saking suket/rumput lan kerdhus, nanging wayang jinis makaten boten radi kathah pinanggih. Manut teng kemajengane jaman, sampun tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken média digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi média digital kasebat e-wayang.

Cariyos ingkang dilampahaken dipundhut saking epos Mahabarata kaliyan Ramayana  ingkang ugi disebat Wayang Purwa. Ugi wonten ingkang nanggap lakon cariyos-cariyos 1001 malam saking tlatah Arab. Wayang ingkang kados makaten diwastani Wayang Menak. Pagelaran niki misuwur teng tlatah Jawi. Selebete pagelaran, wayang ditancepaken teng gedebogan (wit gedhang) teng sisih tengen lan kirine dhalang. Teng tengah, caritané digelar. Sedinten sedalu lakon diwedhar.

Wayang niku boten namung sumebar teng Jawi kemawon, nanging ugi teng tlatah sanès teng Nuswantara. Pagelaran wayang sampun diakeni déning UNESCO wekdal tanggal 7 November 2003, dados karya kabudayan ingkang èdi pèni teng babagan cariyos dongèng lan warisan ingkang adiluhung sanget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Sewangsule, UNESCO nyuwun supados Indonésia njagi (preserve) warisan niki.

Sajarah

Para ahli dèrèng wonten ingkang saged masthèkakén kapan wayang wiwit wonten teng Indonésia. Nanging yèn ningali prasasti lan tilaran jaman rumiyin, wayang kinten-kinten sampun wonten sadèrènge agami Hindhu mlebet. Rikala samanten lakon wayang dèrèng nganggé cariyos-cariyos ingkang dipendhet saking India. Pagelaran niku kanggé sarana nyembah dhumateng roh leluhur.

Sewetawis anggitan sastra jaman Mataram énggal kathah ingkang nyerat prakawis sajarah wayang. Nanging, para ahli sajarah boten sarujuk dhateng menapa ingkang diserat teng mriku amargi boten cocog kaliyan cathetan lan tilaran sajarah ingkang sampun wonten.

Prasasti paling kina wonten teng abad kaping  IV Masèhi. Prasasti ngandhut ukara  mawayang kanggé pagelaran pahargyan sima utawi bumi perdikan. Katrangan ingkang langkung trewaca teng prasasti Balitung, udakara 907 Masèhi. Wonten ngriku diserat si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Tegese kinten-kinten: Si Galigi ndhalang kanggé Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara."

Agama Hindhu ingkang mlebet teng Nusantara damel cariyos wayang bènten kaliyan asline. Cariyos Ramayana lan Mahabarata wiwit dienggé kanggé dakwah agami. Midherek Dharmawangsa Teguh (991-1016), kathah cariyos saking India ingkang mlebet lan didamel gagrag Jawine. Wayang wiwit nyebar teng pundi-pundi rikala Majapahit  nguwaosi  Nuswantara.

Cariyos-cariyos ingkang asline saking India niku pungkasane sampun gèsèh kaliyan gagrag sedèrènge. Para pujangga Jawa damel cariyos piyambak kanggé mepaki menapa ingkang sampun wonten. Teng padhalangan, cariyos-cariyos niku disebat lakon carangan.

Rikala jaman Agama Islam mlebet, Wali sanga ugi nganggé wayang teng panyebarane. Teng jaman niku Wayang ingkang Sumbere saking Mahabarata lan Ramayana  disampurnakaken kanthi nggathukaken kakaliyan aji-aji Islam déning para Wali sanga salah setunggale nggih niku Sunan Kalijaga. Teng jaman niku ugi wiwit wonten Wayang Menak. Gagrag-gagrag tambah kathah wekdal Mataram Anyar. Walandi ingkang digdaya damel Karaton Surakarta lan Karaton Ngayogyakarta ngracik kathah cariyos wayang kanggé nglelipur manah.

Indonésia mardika ugi nyumbang gagrag wayang ingkang manéka warni. Manéka warni wayang wau wonten ingkang tetep digelar ugi wonten ingkang namung gesang teng jamane piyambak. Wayang ingkang paling kathah dienggé inggih niku Wayang Kulit Purwa.

Jinising wayang
Wayang klebet salah setunggale saking ewone budaya warisane leluhur, wiwit kina makina gesang ngrembaka teng bumi nuswantara. Wayang niku asli budaya nuswantara, dene babone cariyos wayang niku asline mendhet saking India, nggih niku epos Mahabarata lan Ramayana.
Midherek jinise, wayang niku kathah sanget wernine, kadosta:
1. Wayang Purwa
Wayang purwa nyariyosaken jaman kadewatan ngantos dugi Prabu Parikesit teng Negari Ngastina.
       Lakon wayang purwa kaperang dados sekawan, nggih niku:
a. Kadewatan
Nyariyosaken lelakone para dewa wiwit sang Hyang Manikmaya (Bathara Guru) lan        sedherek sepuhe Sang Hyang Ismaya (Semar).       
b. Arjuna Sasra
Nyariyosakem perange Prabu Arjuna Sasra ratu teng Maespati mengsah Prabu Dasamuka    ratu Ngalengka. Patihe Prabu Arjuna Sasra asma patih Suwanda (Raden Sumantri), gadheh adhi aran Raden Sukasrana (wujud buta bajang, awon rupine).
c. Ramayana
Nyariyosaken perange Prabu Rama ratu teng Pancawati mengsah Prabu Dasamuka ratu teng Ngalengka. Rama ingkang prajurite awujud kethek ingkang dipandhegani dening ratune kethek, Prabu Sugriwa saged ngawonaken Dasamuka sawadyabalane ingkang awujud buta.
Perange Rama kalih Dasamuka jalaran saking murkane dasamuka anggene nyidra (ndhusta) Dewi Sinta, garwane Rama. Wasana dados perang ageng ingkang sinebat Brubuh Ngalengka.
Sesampune Dasamuka sawadyabalane tumpes, kalebet adhine kalih-kalihe (Kumbakarnna lan Sarpakenaka), dening Prabu Rama kraton dipasrahaken  Raden Gunawan Wibisana (adhine Dasamuka ingkang bagus rupine lan luhur bebudene). Prabu Rama paring wejangan dhateng Raden Gunawan Wibisana bab tata caraning nyepeng panguwasa/paprentahan ingkang sinebat asthabrata. Kraton Ngalengka lajeng digantos jeneng dados Singgela (Singgelapura). Sesampune Wibisana lengser keprabon banjur dipasrahaken dhateng putrane ingkang asma Bisawarna.
d. Mahabharata
Nyariyosaken sarasilahe Pandhawa lan Kurawa ngantos dumugi perang ageng Bharatayuda Jayabinangun teng Tegal Kurukasetra. Dangune perang ngantos wolulas dinten. Dene pangagenge Ngastina kathah ingkang sami gugur teng madyaning paprangan, kadosta Resi Bisma, Pandhita Durna, Adipati Karna, Prabu Salya, Patih Sengkuni, lan Prabu Duryudana.
Mahabharata ugi diwastani asthadasaparwa sebab wonten 18 parwa (perangan/bab), nggih niku Adiparwa, Sabhaparwa, Aranyakaparwa, Wirathaparwa, Udyogaparwa, Bismaparwa, Dronaparwa, Salyaparwa, Karnaparwa, Gadaparwa, Sauptikaparwa, Stripalayaparwa, Santikaparwa, Aswamadhaparwa, Asramawasanaparwa, Mosalaparwa, Prastanikaparwa, lan Swargarohanaparwa.
2. Wayang Madya
Nyariyosaken wiwit Prabu Gendrayana teng Astina dumugi Lembusubrata teng Majapura. Ingkang dicariyosaken lakon-lakon sabibare Prabu Parikesit teng Ngastina, nggih niku Yudayana, Gendrayana, Sudarsana, lan Jayabaya.
3. Wayang Antara
Wayang ingkang wonten teng lebet kraton ingkang nyariyosaken lelakone Sri Gatayu dumugi Panji Kudalaleyan.
4. Wayang Beber
Wayang ingkang anggene mitontonaken sarana dibeber (dijereng). Nyariyosaken lelakone Panji Inu Kertapati, Jaka Kembang Kuning, lan sapanunggalane.
5. Wayang Gedhog (Wayang Wasana)
Nyariyosaken wiwit Lembusubrata dumugi Panji Kudalaleyan teng Pajajaran. Ingkang misuwur kiyambek lakon Panji Putra (Jenggala).
6. Wayang Dupara
      Wayang ingkang nyariyosaken lelakone sato kewan, upamine lakon Kancil.
7. Wayang Klitik (Krucil)
Wayang saking kajeng gepeng, tipis. Nyariyosaken Pajajaran dumugi Majapahit, Brawijaya pungkasan. Ingkang misuwur lakon Damarwulan- Minakjingga.
8. Wayang Golek (Jawa Tengah/ Brebes- Tegal)
Nyariyosaken lelakone Amir Ambyah (Menak Jayengrana), Umarmaya, Umarmadi. Babone crita saking Serat Menak. Wayang Golek Tegal diginakaken kangge dakwah agami Islam.
9. Wayang Golek Pasundhan (Jawa Barat)
Wayang sking kajeng awujud golek/boneka. Babone cariyos saking Mahabharata lan Ramayana.
10. Wayang Jemblung
Wayang saking kajeng wujud tiyang/menungsa,. Cariyose bab/saking cariyos babad, teng tlatah pesisir ler tanah Jawi.
11. Wayang Suluh
Wayang saking karton/kardus wujud tiyang/menungsa kangge nyukani sesuluh (penerangan) dhateng masyarakat.
12. Wayang Wahyu
Wayang saking wacucal/kulit wujud tiyang. Babone cariyos saking kitab Injil. Wayang wahyu ingkang yasa (damel) Bruder Temotheos kangge nggiyaraken agami Kristen. Ugi asring diwastani wayang bibel.
13. Wayang Potehi
Wayang ingkang wujude golek/boneka alit-alit. Cariyose jaman kraton Tartar (Babad Cina).
14. Wayang Wong
Wayang ingkang ditindakaken dening tiyang minangka wayange. Lakon ingkang digelar saking cariyos Ramayana lan Mahabharata.

Wayang Purwa, madya, lan gedhog didamel saking wacucal (kulit/welulang). Wayang beber didamel saking dluwang(kain) kandel, gombal utawa mori. Wayang golek saking kajeng wujud reca/patung. Wayang krucil saking kajeng wujude gepeng. Wayang suluh didamel saking kardus utawi karton.


Posting Komentar untuk "Bahasa Jawa : Materi Wayang Kelas 9 Pertemuan 1"