Anoman Duta 2 Kelas 9
A. Crita wayang ngisor kiye mayuh sing premati!
Guwa Kiskendha kuwe sewijine guwa gedhe sing neng njerone kaya kraton. Guwa Kiskendha kuwe papan panggonane Maesasura lan Lembusura, jalma loro kakang adhi, sing awake menungsa nanging endhase kewan. Maesasura lan Lembusura nduweni kasekten sing ngedab-edabi. Sing dadi rakyate kraton Guwa Kiskendha kuwe kewan-kewan alas sing galak. Maesasura lan Lembusura anggone mimpin kratone kanthi sewenang-wenang.
Sewijine dina, Maesasura lan Lembusura teka maring kahyangan, perlune kepengin nglamar dewi Tara putrine Bathara Indra. Sikep murangtatane kuwe gawe dukane para dewa. Para dewa nolak mentah-mentah lamarane Maesasura lan Lembusura. Sedulur loro kuwe ora trima lamarane ditolak neng para dewa, mulane terus ngamuk neng kahyangan. Ewonan wadya bala kewan gemrudug nyerang kahyangan. Merga kesektene sing ngedab-edabi lan pilih tandhing, para dewa ora nana siji-sijia sing teyeng ngalahna Maesasura lan Lembusura
Mriksani kahanan sing kaya kuwe, bathara Guru nggolet cara nggo numpes wadyabala sekang Guwa Kiskendha. Mung ana siji cara kanggo ngalahna wadyabala Kiskendha yakuwe nggunakna kesekten kadewatane sing tanpa tandhing. Kesekten kuwe arane aji Pancasona. Nanging sing bisa nampa aji-aji kuwe kudu jalma sing luhur lan suci, sing bisa ngendhaleni nepsune, saengga aji-aji Pancasona ora bakal digunakna kanthi sewenang-wenang.Para dewa sepeket bakal maringna kesekten aji Pancasona maring Subali, putrane Resi Gotama, sing lagi semedi neng Suryapringga.
Wis mataun-taun Sugriwa lan Subali semedi pati raga lan musatna kabeh pancaran jiwane maring Sang Hyang Widhiwasa. Ancas tujuwane mung siji yakuwe nyuwun pangapura sekang kabeh tumindak luput sing wis tau dilakoni. Swasana sing asale sepi nyenyet dadi gemebyar wektu Bathara Guru didherekna Bathara Narada lan para dewa mudhun sekang arsapada mring marcapada nenomi Sugriwa lan Subali. Sugriwa lan Subali enggal digugah sekang semedine. Lan Bathara Guru sebanjure ngendika yen penyuwunane Sugriwa lan Subali bakal diijabahi nanging kanthi syarat Sugriwa lan Subali kudu numpes dhisit watek angkara sing lagi mapan neng ragane Maesasura lan Lembusura. Sugriwa lan Subali nyaguhi syarat sekang Bathara Guru. Sedurunge padha budhal, sacara khusus, Bathara Guru maringi anugrah aji Pancasona maring Subali kanthi pengarep-arep Subali bisa nggunakna kanggo katentremane alam dunya.
Kanthi antebing tekad, Subali lan Sugriwa mangkat maring guwa Kiskendha. Tekan sengarepe guwa, Subali Pesen maring adhine, Sugriwa, yen dheweke bae sing mlebu maring njero guwa lan pesen supaya Sugriwa waspada lan jaga-jaga. Subali uga pesen yen mengko sing mili sekang njero guwa wernane abang tandhane yen mungsuhe mati kabeh. Nanging yen sing mili wernane putih, tegese Sugriwa kudu cepet-cepet ngrapeti guwa. Sewise Sugriwa nyanggupi, Subali gageyan mlebu maring njero guwa nemoni Maesasura lan Lembusura.
Perang tandhing antarane jalma sing padha-padha sektine ora bisa diindhari.pagere guwa kaya-kaya ora bisa nahan gempuran kesektene Subali, Maesasura, lan Lembusura. Kanthi aji-ajine yakuwe aji Pancasona, akhire Subali teyeng ngalahna Maesasura lan Lembusura. Endhase Maesasura lan Lembusura dijeblesna nganti pecah. Mpolone Maesasura lan Lembusura nganti mancrot mili maring senjabane guwa. Neng jaba guwa, Sugriwa ngenteni karo was sumelang. Kaya ngapa remuk atine Sugriwa bareng weruh banyu sing mili wernane abang lan putih. Sugriwa yakin yen Subali, Maesasura, lan Lembusura padha mati kabeh. Karo rasa panik, Sugriwa ngremukna lawang guwa nganti guwa Kiskendha ketutup. Karo ati sing sedhih banget, Sugriwa gageyan lapuran maring kahyangan.
Kaya ngapa senenge para dewa bareng krungu lapuran yen Maesasura lan Lembusura wis padha kasil disirnakna. Nanging uga sedhih banget bareng uga dilapurna yen Subali uga melu tiwas. Sugriwa sing nembe bae nglapurna kedadiyane akhire diparingi kanugrahan didhaupaken karo dewi Tara. Wektu lagi digelas adicara pawiwahane/dhaupe Sugriwa lan dewi Tara, ijig-ijig Subali katon neng tengah-tengahe keramean. Subali ngamuk lan nganggep yen Sugriwa wis wani nyidrani dheweke. Sugriwa sing kaget lan urung sempat njelasna dhodhok perkara sing sebenere langsung diajar neng Subali. Kesektene Subali sing adoh sendhuwure Sugriwa, njalari Sugriwa cepet keseser ora teyeng apa-apa. Bethara Guru rawuh kanggo misah lan njelasna rut urute perkara sing sebenere. Krungu bab kuwe, ngajog lan langsung njaluk pangapura maring Sugriwa, adhine. Akhire Subali sing wis prasetya bakal dadi brahmana, masrahna guwa Kiskendha lan dewi Tara maring Sugriwa. Sugriwa banjur mbangun kraton bangsa kethek/wanara lan aweh jeneng Pancawati, dene Subali nerusna tapa bratane.
A. Bausastra Kecik
B. Wangsulana pitakon ngisor kiye kanthi patitis nganggo basa krama!
1. Guwa Kiskendha kuwe papan dununge sapa?
2. Apa sing njalari para dewa neng kahyangan padha duka?
3. Dewi Tara kuwe sapa?
4. Apa syarate jalma sing bisa nampa aji-aji pancasona?
5. Aji-aji Pancasona kuwe kagungane sapa?
6. Sapa jalma sing olih kanugrahan nampa aji-aji Pancasona?
7. Apa welinge Subali maring Sugriwa sedurunge mlebu maring njero guwa Kiskendha?
8. Sebutna perangane lakon wayang purwa!
9. Wayang klithik kuwe wayang sing kepriwe?
10. Sebutna jenenge wayang adhedhasar bahan sing kanggo gawe!
Pertemuan 2
Goa Kiskendha

-. Jalma = makhluk, umat
-. Kesekten = sekti, kebal
-. Ngedab-edabi = ora sebaene, luar buasa
-. Murang tata = ora sopan, kurang ajar
-. duka = jengkel, kesuh, gela
-. Wadya bala = pasukan
-. Numpes = ngalahna, mbasmi
-. Kadewatan = duweke para dewa
-. Sepeket = setuju, sepakat
-. Watek angkara = watek sing ora apik, serakah
B. Wangsulana pitakon ngisor kiye kanthi patitis nganggo basa krama!
1. Guwa Kiskendha kuwe papan dununge sapa?
2. Apa sing njalari para dewa neng kahyangan padha duka?
3. Dewi Tara kuwe sapa?
4. Apa syarate jalma sing bisa nampa aji-aji pancasona?
5. Aji-aji Pancasona kuwe kagungane sapa?
6. Sapa jalma sing olih kanugrahan nampa aji-aji Pancasona?
7. Apa welinge Subali maring Sugriwa sedurunge mlebu maring njero guwa Kiskendha?
8. Sebutna perangane lakon wayang purwa!
9. Wayang klithik kuwe wayang sing kepriwe?
10. Sebutna jenenge wayang adhedhasar bahan sing kanggo gawe!
Posting Komentar untuk "Anoman Duta 2 Kelas 9"